Ngawiti Ingsun Nglaras Syi'iran


Kelawan Muji Maring Pangeran


Kang Paring Rohmat Lan Kenikmatan


Rino Weningine Tanpo Pitungan X 2


Duh Bolo Kanco Priyo Wanito


Ojo Mung Ngaji Syareat Bloko


Gur Pinter Ndongeng Nulis Lan Maco


Tembe Mburine Bakal Sangsoro X 2


Akeh Kang Apal Quran Haditse


Seneng Ngafirke Marang Liyane


Kafire Dhewe Dak Digatekke


Yen Isih Kotor Ati Akale X 2


Gampang Kabujuk Nafsu Angkoro


Ing Pepaese Gebyare Donyo


Iri Lan Meri Sugihe Tonggo


Mula Atine Peteng Lan Nisto X 2


Ayo Sedulur Jo Nglaleake


Wajibe Ngaji Sak Pranatane


Nggo Ngandelake Iman Taukhide


Baguse Sangu Mulya Matine X 2


Kang Aran Soleh Bagus Atine


Kerono Mapan Sari Ngilmune


Laku Torekot Lan Makrifate


Ugo Khakekot Manjing Rasane X 2


Alqur 'An Qodim Wahyu Minulyo


Tanpo Tinulis Biso Diwoco


Iku Wejangan Guru Waskito


Den Tancepake Ing Njero Dodo X 2


Kumantil Ati …….. Lan Pikiran


Mrasuk Ing Badan Kabeh Jerohan


Mukjizat Rasul Dadi Pedoman


Minongko Dalan Manjinge Iman X 2


Kelawan Allah Kang Maha Suci


Kudu Rangkulan Rino Lan Wengi


Ditirakati Diriyadohi


Dzikir Lan Suluk Jo Nganti Lali X 2


Uripe Ayem Rumongso Aman


Dununge Roso Tondo Yen Iman


Sabar Narimo Najan Pas-Pasan


Kabeh Tinakdir Saking Pengeran X 2


Kelawan Tonggo Dulur Lan Konco


Kang Podho Rukun Ojo Daksiyo


Iku Sunnahe Rosul Kang Mulyo


Nabi Muhammad Panutan Kito X 2


Ayo Nglakoni Sekabehane


Allah Kang Bakal Ngangkat Drajate


Senajan Asor Toto Dohire


Ananging Mulyo Maqom Drajate X 2


Lamun Palastra Ing Pungkasane


Ora Kesasar Roh Lan Sukmane


Den Ghadang Allah Suwargo Manggone


Utuh Mayite Ugo Ulese X 2


Mudah mudahan Sya'ir ini bermanfaat bagi kita semua 

http://www.youtube.com/watch?v=z8HhEMWV_Aw&feature=related

0 Komentar:

Posting Komentar

 
Top